Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 9:9 - Kitab Sutji

9 He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 9:9
43 Iomraidhean Croise  

Nuli padha budhalan, yaiku Imam Zadhok, Nabi Natan lan Senapati Benaya bin Yoyadha, kalawan kadherekake dening bala Kreti lan Pleti. Sang Pangeran katitihake ing bihal titihane Sang Prabu Dawud lan kairingake menyang ing Gihon.


Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake, para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune.


“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”


Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan.


Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!”


Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb. Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara, papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggero papaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur, wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi, lan barang darbeke ign punuking unta, arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,


Sabab Pangeran Yehuwah iku Hakim kita, Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita; Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita, Panjenengane bakal ngluwari kita.


He Sion, kang nggawa kabar becik, munggaha ing gunung kang dhuwur! He Yerusalem, kang nggawa kabar becik, ulukna swaramu kang sora, iya ulukna swaramu, aja wedi! Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda: “Delengen, iku Gusti Allahmu!”


Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.


Amarga Ingsun iki Yehuwah, Allahira, Kang Mahasuci, Allahe Israel, Juru-slametira. Mesir Sunagem nebus sira, lan Etiopia sarta Syeba Sunparingake minangka gegentinira.


Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira, cikben padha rerembugan bebarengan: Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula, tuwin kang mratelakake wiwit biyen? Apa dudu Ingsun, Yehuwah? Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun! Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet, ora ana liyane kajaba Ingsun!


Iba anggone ngresepake katone saka ing pucake tengger-tengger tekane kang nggawa pawarta, kang martakake kabar katentreman kang ngundhangake pawarta kang becik, kang nggawa kabar karahayon lan kang celathu marang Sion: “Allahmu iku ratu!”


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Amarga iki kang wus kaundhangake dening Pangeran Yehuwah nganti tekan ing poncoting bumi! Wartakna marang putri Sion: Lah karahayonmu teka; lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha bareng kalawan Panjenengane, sarta kang wus dadi kagungane iku padha lumaku ana ing ngarsane.


Wong iku bakal padha ngabdi marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan marang Dawud, ratune kang bakal Sunjumenengake.


Sira bakal dadi memangsaning geni, getihira bakal wutah ana ing satengahing tanah kono tuwin sira bakal ora kaelingan maneh, sabab Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku.”


Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”


Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus, he, tenggere putri ing Sion, sira bakal katekanan lan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik, yaiku keprabone putri ing Yerusalem.


Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.


“He putri Sion! Padha surak-suraka lan bungah-bungaha, awit Ingsun rawuh lan dedalem ana ing tengahira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.


lan takon-takon: “Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wetan, dene anggen kula mriki punika badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”


Belone banjur dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, nuli dilarabi ing jubahe, Gusti Yesus banjur nitih.


Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.


Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”


Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”


Putrane kakung telung puluh, kang padha nunggang kuldi lanang telung puluh, sarta padha ndarbeni kutha telung puluh, kang katelah saprene karan Hawot-Yair, prenahe ana ing tanah Gilead.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan