Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 9:8 - Kitab Sutji

8 Ingsun bakal lereh ana ing sacedhake padalemaningSun, prelu njagi wong kang padha liwat lumebu metu ing kono. Bakal ora ana wong kang nindhes maneh kang nekani, marga saiki Ingsun piyambak kang mirsani.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 9:8
39 Iomraidhean Croise  

Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”


Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”


Ing jamane Sang Prabu Yosia iku Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, majeng perang nglawan ratu ing Asyur ana ing sapinggiring kali Efrat; Sang Prabu Yosia mapagake panjenengane, nanging bareng kapirsan dening Sang Prabu Pringon, banjur kasedanan dening Sang Prabu Pringon ana ing Megido.


Nalika jamane Sang Prabu Yoyakim iku, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil nglurugi perang. Sang Prabu Yoyakim katelukake lan banjur dadi kawulane lawase telung taun, nanging ing pamburine Sang Prabu Yoyakim mbalik mbalela marang panjenengane.


Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah; sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.


Panjenenganipun mugi karsaa paring kaadilan dhumateng para tiyang ingkang katindhes, panunggilanipun bangsa punika, para tiyang mlarat sami kapitulungana, nanging ingkang nganiaya mugi sami karemuka!


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.


Samengko pasambate wong Israel iku wus sumengka marang ing ngarsaningSun; sarta Ingsun wus nguningani kerasing panindhese wong Mesir marang umatingSun.


Aja wedi marang pagiris kang tekane dadakan, utawa marang karusakane wong duraka, samangsa nekani.


Ing wektu iku kekidungan iki bakal karepekake ana ing tanah Yehuda: “Kita kadunungan kutha kang santosa, kanggo nylametake kita Pangeran Yehuwah wus masang tembok lan beteng.


Kayadene manuk kang mabur kekablak, ngayomi susuhe, iya mangkono anggone Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngayomi Yerusalem, ngayomi lan paring pangluwaran, rumeksa lan ngedohi bilai.”


Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung


Tangia, tangia! Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion! Anggonen sandhanganmu kang endah, he Yerusalem, kutha kang suci! Amarga ora ana wong kang ora tetak utawa kang najis, kang bakal lumebu maneh ing jeromu.


Lah angognmu padha metu bakal ora kalawan kesusu tuwin ora bakal kaya keplayu, amarga Pangeran Yehuwah bakal lumampah ana ing ngarepmu, sarta Gusti Allahe Israel bakal dadi panutuping barisanmu.


sira bakal kajejegake ing kabeneran. Sira bakal ingedohake saka ing panganiaya, mulane sira ora susah wedi maneh, tuwin sira bakal adoh saka ing pagiris, sabab iku ora bakal nekani sira.


Ing nagaranira ora bakal ana maneh kabar bab tumindak kanthi kekerasan, bab karusakan utawa gempuran ing wewengkonira; sira bakal ngarani tembokira “Rahayu” lan gapura-gapuranira “Pangalembana”.


Mulane bakal padha teka karo surak-surak ana ing tenggere Sion, sarta polatane sumringah, marga saka kamirahane Sang Yehuwah, kang arupa gandum, anggur lan lenga, apadene cempe-cempe lan sapi-sapi; uripe bakal kaya taman kang kaoncoran banyu, sarta ora bakal katon nglayung maneh.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, bab rawuhe Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, arep nelukake tanah Mesir:


Tumrap Mesir. Tumrap wadya-balane Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, kang ngadegake kemah ana ing sapinggire bengawan Efrat, ing sacedhake Karkhemis lan kang diasorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda:


Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Tumuli padha Suntanem ana ing tanahe dhewe, lan mesthi ora dijabut maneh saka ing tanah kang wus Sunparingake,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Allahira.


Ing wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Ingsun bakal damel bingunge sakehe jaran, lan sakehe wong kang nunggangi padha dadi edan, balik tumrap para turune Yehuda, Ingsun bakal ngelekake paningalingSun, nanging jarane bangsa liya bakal Sundadekake picak.


Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.


Para wong bakal tetep pamanggone ana ing kono, sabab panumpesan wus bakal ora ana maneh, lan Yerusalem bakal tetep ayem tentrem.


Getih-getih kang ana ing cangkeme bakal Sunbuwang, lan kanisthan saka ing sela-selaning untune, lan kekarene bakal dadi kagungane Gusti Allah kita, sarta bakal dianggep kayadene sawijining trah ing Yehuda; lan wong Ekron dadi pepadhane wong Yebus.


Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsaraning umatingSun kang ana ing tanah Mesir, sarta wus miyarsakake ing pasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakal ngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutus menyang ing tanah Mesir.


Tumuli padha nglurug mratani saindenging jagad, sarta ngepung pakuwone para wong suci lan kutha kang kinasih iku. Nanging banjur ana geni tumurun saka ing langit, mangsa wong-wong iku mau,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan