5 Askelon bakal nyipati temah wedi; uga Gaza, banjur luwih banget getere; Ekron iya samono uga, marga pangarep-arepe ora katutugan. Ratune bakal kasirnakake saka ing Gaza, lan Askelon bakal dadi suwung.
Anadene mungguh sira, he Tirus lan Sidon sarta sawewengkone Filisti, ana gegayutane apa karo Ingsun? Apa sira arep males pandamelingSun? Manawa sira nandukake apa bae marang Ingsun, kanthi dadakan anggoningSun bakal nampekake panggawenira iku marang sira dhewe.
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Gaza telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngangkatake wong sabangsa kabeh menyang ing pambuwangan, kang banjur padha diulungake marang Edom,
Ingsun bakal numpes para kang manggon ing Asdod, sarta kang nyekel tekening karajan ing Askelon, apadene astaningSun bakal nempah marang Ekron, tekan kekarane wong Filisti bakal padha tiwas kabeh,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Nanging lah Tirus bakal kadadekake mlarat dening Pangeran lan kakuwatane bakal kacegurake ing sagara, dene kutha iku dhewe bakal sirna kamangsa ing geni.
Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.
Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.
Amarga kang banget dakpengini lan dakarep-arep, yaiku yen tumraping samubarang kabeh aku ora bakal kawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.