4 Nanging lah Tirus bakal kadadekake mlarat dening Pangeran lan kakuwatane bakal kacegurake ing sagara, dene kutha iku dhewe bakal sirna kamangsa ing geni.
Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagara lan damel karajan-karajan padha gumeter; Panjenengane wus dhawuh supaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.
Sabanjure bakal padha ngrepekake kidung pangadhuh tumrap sira sarta bakal celathu marang sira: He, kutha kang pinuji, kapriye kowe iku, dene nganti ilang saka ing samodra, kutha kang kwasa ana ing sagara, kowe karo para pendhudhukmu, kang nukulake rasa giris marang para pendhudhuk ing dharatan?
Sarehne sira dagang gedhe sira banjur atindak keras lan gawe dosa. Mulane sira tumuli Sunbuwang saka ing gununging Allah, sarta kerub kang rumeksa banjur nyirnakake sira saka ing satengahe sesotya kang mencorong.
Marga saka akehe kesalahanira lan kaculikanira ing sajroning laku dagang sira nerak kasucening pasucenira. Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira, kang bakal mangsa sira nganti entek. Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumi ana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira.
“He, anaking manungsa, raja ing Tirus kandhanana: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Ing sarehne sira dadi gumunggung lan celathu: Aku iki Allah! Aku lungguh ing dhamparing Allah, ana ing tengahing samodra. Mangka sira iku manungsa, dudu Allah, sanadyan atinira rumangsa padha karo Allah.
Anadene anakira lanang lan wadon bakal Sunedol marang bani Yehuda, kang banjur ngedol marang para wong Syeba, marang bangsa kang adoh, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.”
Askelon bakal nyipati temah wedi; uga Gaza, banjur luwih banget getere; Ekron iya samono uga, marga pangarep-arepe ora katutugan. Ratune bakal kasirnakake saka ing Gaza, lan Askelon bakal dadi suwung.