Banjur tekan ing panggonan kang ana betenge, Tirus, lan sakehing kuthane wong Hewi lan wong Kanaan; wekasan tekan ing laladan Yehuda sisih kidul, ing Bersyeba.
Sakehing piranti kang kagem ngunjuk Sang Prabu Suleman kang digawe emas lan sakehe barang kang ana ing gedhong “Alas Libanon” iku kang digawe emas murni; ora ana barang salaka, awit nalika jamane Sang Prabu Suleman panganggepe wong salaka iku tanpa aji.
Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagara lan damel karajan-karajan padha gumeter; Panjenengane wus dhawuh supaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.
Sapa kang mutus mangkene iki tumrap Tirus, kutha kang tau ngganjar makutha, kang sudagar-sudagare para panggedhe lan wong-wonge kang dagang para wong mulya ing bumi?
Kasugihanira bakal karampas, barang-barang daganganira bakal dijarah-rayah; tembok-tembokira bakal dirubuhake sarta omah-omahira kang endah bakal kaebrukake; watunira, kayunira lan tanahira bakal kacemplungake ing banyu.
Raja-darbekira, barangira, daganganira, punggawaning kapalira lan matrusira para tukangira lan para langgananira dalasan kabeh prajuritira kang ana ing sira, malah kabeh kang padha nunggang, padha kleleb ana ing samodra ing nalika sira ambles.
Satekane barangira saka ing sagara sira gawe wareging bangsa akeh, kalawan raja-darbekira lan daganganira kang akeh, sira nyugihake para raja ing donya.
Saiki sira dirusak lan disirnakake saka ing sagara lan ambles marang ing dhasaring samodra; daganganira lan kabeh wongira kang padha nunggang ambles bareng kalawan sira.
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Tirus telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun; awitdene wus ngulungake wong sabangsa kabeh marang Edom minangka tawanan, sarta ora eling marang prajanjian pasaduluran,
Wates iku nuli mbalik menyang ing Rama lan tutug ing kutha beteng tirus, watese banjur mbalik maneh menyang Hosa, lan anjog ing segara; apadene Mahalab, Akhzib,