“Sira tata-tataa lan mangkata menyang ing Sarfat, kang klebu ing wilayahe Sidon banjur manggona ing kana. Sumurupa, Ingsun wus dhawuh marang sawijining randha supaya menehi pangan marang sira.”
Panjenengane kakunjara dening Sang Prabu Pringon Nekho ana ing Ribla, ing tanah Hamat, supaya ora ngasta paprentahan ing Yerusalem, karo maneh nagara iku kawajibake dening Sang Prabu Pringon mbayar dhendha kehe satus talenta selaka lan sepuluh talenta emas.
Sang Nata ing Babil tumuli dhawuh mateni wong-wong mau ana ing Ribla, ing tanah Hamat. Iya mangkono iku anggone wong Yehuda padha kaboyongan saka ing tanahe kaparakake marang ing pambuwangan.
jalaran wus tumeka ing dinane tumrap panumpesing sakehe wong Filisti lan anggone nyirnakake sadhengah pambiyantu kang isih ana tumrap Tirus lan Sidon. Lah, Sang Yehuwah bakal numpes wong Filisti, yaiku kekarening wong kang teka saka ing pulo Kaftor.
“He, anaking manungsa, sira nglairna pangadhuh tumrap raja ing Tirus lan tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira iku gambaring kasampurnan, kebak kawicaksanan lan endahing endah.
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Damsyik telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun: sarehne wus padha nindhes Gilead, nganggo pleredan panuton wesi,
“Sabab lah Ingsun bakal ngedegake sawijining bangsa, kang bakal nglawan marang sira, he turune Israel,” – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahing sarwa dumadi – “sarta sira bakal ditindhes wiwit saka dalan kang ngener ing Hamat nganti tekan ing kali kang ana ing Araba.”
Wong-wong Israel kang digawa menyang ing pambuwangan, bakal ngebeki tanahe wong Kanaan nganti tekan Zarfat, sarta wong-wong Yerusalem kang digawa menyang pambuwangan kang ana ing Sefarad, bakal padha ngebeki kutha-kutha ing Tanah Negeb.