Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 9:1 - Kitab Sutji

1 Wangsit pangandikane Gusti Allah. Ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap nagara Hadrakh kang kendele ana ing Damsyik. Marga Sang Yehuwah kang kagungan kutha-kutha ing Aram lan sakehe suku Israel,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 9:1
22 Iomraidhean Croise  

Lan ing wayah bengi wong-wong tumuli diperang-perang, yaiku Rama Abram lan para abdine mau, mangkono anggone arep nglawan mungsuhe, temah bisa ngalahake mungsuhe, kang banjur dioyak-oyak nganti tutug ing Hoba, kang kaprenah ing salore kutha Damsyik.


Dhuh Allah kawula, punapa Paduka boten badhe paring paukuman dhateng tiyang-tiyang punika? Awit kawula sami boten gadhah kakiyatan kangge nanggulangi wadya-bala ingkang ageng, ingkang badhe nempuh kawula sadaya punika. Kawula sami boten sumerep, punapa ingkang kedah sami kawula lampahi, nanging mripat kawula tumenga dhumateng Paduka.”


Sakathahipun mripat sami ngadhang-adhang dhumateng Paduka, lan inggih sami Paduka paringi tedha ing kala mangsanipun.


Mripatku tansah tumenga marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane bakal nguwalake sikilku saka ing kalajiret.


Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.


Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suci ana ing ngarepe mripate sakehing bangsa; poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayon kang pinangkane saka ing Allah kita.


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Tirus telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun; awitdene wus ngulungake wong sabangsa kabeh marang Edom minangka tawanan, sarta ora eling marang prajanjian pasaduluran,


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kayadene pangon kang ngrebut sikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa, kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake, kaya saperanganing dipan, lan kaya saperanganing sikile paturon.”


Wangsit tumrap Niniwe. Kitab bab wahyune Nabi Nahum, wong Elkosy.


Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel. Dene kang pitu iki tingale Sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.”


Ingsun kang nglampahake wewelak iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”


Wangsiting Pangeran. Pangandikane Sang Yehuwah marang Israel lumantar Nabi Maleakhi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan