ZAKHARIA 8:9 - Kitab Sutji9 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Padha kuwatna atinira, he, para wong kang sasuwene iki padha krungu pangandika kang dilairake dening para nabi iki, wiwit nalika masang tetalesing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, nalika Padaleman Suci kaadegake. Faic an caibideil |
Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.
Para tetuwane wong Yahudi padha mbanjurake anggone mbangun kanthi rancag, kaangsegake dening pamecane Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho; iku iya nganti rampung miturut dhawuhe Gusti Allahe Israel lan dhawuhe Sang Prabu Koresy tuwin Sang Prabu Dharius, apadene Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia.