Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 8:8 - Kitab Sutji

8 sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 8:8
30 Iomraidhean Croise  

Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”


kang wus Sundhawuhake marang leluhurira, nalika Sunluwari saka ing tanah Mesir, saka ing pawon pangleburan wesi, kanthi pangandika mangkene: Rungokna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sundhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira,


nanging mangkene: Demi Sang Yehuwah agesang kang ngirid lan ngulihake tedhak turune Israel metu saka ing tanah lor lan saka sakehing nagara, anggone Panjenengane mbuyarake wong-wong iku, sarta iku banjur bakal padha manggon ana ing tanahe dhewe.”


Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine.


Dene sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira.”


“Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ing wektu iku Ingsun bakal dadi Allahe sakehing kulawarga trah Israel lan iku kabeh bakal dadi umatingSun.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.


Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”


supaya lakune manut ing sakehing pranatan-pranataningSun lan tatananingSun kalawan setya; ing kono banjur padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe.


Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.


Bakal padha manggon ing tanah kang Sunparingake marang abdiningSun Yakub, kang dienggoni dening para leluhure, iya wong-wong mau, iya anak-anake dalah para putune lan buyute, kabeh bakal padha manggon ing kono ing salawas-lawase, lan abdiningSun Dawud bakal dadi ratune ing salawas-lawase.


Papan padalemaningSun uga bakal ana ing kono. Ingsun bakal dadi Allahe sarta dheweke kabeh bakal dadi umatingSun.


kaya manuk kang teka saka ing tanah Mesir kalawan gumeter, lan kaya manuk dara saka ing tanah Asyur, sarta bakal padha Sunpapanake ana ing omahe dhewe-dhewe, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Nanging Yehuda lestari dienggoni ing salawase, lan uga Yerusalem nganti turun-tumurun.


Nanging Ingsun bakal ana ing tengahira lan bakal dadi Allahira lan sira padha dadi umatingSun.


Bakal Sunulihake saka ing tanah Mesir, lan Sunklempakake saka ing Asyur; bakal Sunbekta menyang ing tanah Gilead sarta ing Libanon, nganti ora cukup panggonane.


Turune Yehuda bakal Sunsantosakake, lan turune Yusuf Sunluwari; bakal padha Sunulihake, marga padha Sunwelasi; kaanane kaya-kaya ora tau Sunsebratake, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahe, sarta bakal Sunsembadani sapanyuwune.


Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”


Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.


Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.


Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan