Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 8:7 - Kitab Sutji

7 Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Lah umatingSun Sunentasake saka ing panggonan pletheking srengenge nganti tumeka ing papan surupe,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 8:7
21 Iomraidhean Croise  

Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.


Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujia saka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe;


Pangeran Yehuwah mbangun Yerusalem, sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar.


Masmur anggitane Asaf. Kang Mahakawasa, yaiku Pangeran Yehuwah, ngandika sarta nimbali marang bumi, saka prenah pletheking surya tutug prenahe surupe.


Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh, saka ing lor lan saka ing kulon, tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”


Ing kono wong banjur bakal wedi marang asmaning Pangeran Yehuwah ana ing papan suruping srengenge tuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge, awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut, kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.


Lah, Ingsun bakal ngirid para wong iku saka ing tanah lor, lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ing poncoting bumi, panunggalane ana kang picak lan lumpuh, ana wonge wadon kang lagi ngandheg bareng karo kumpulane wong kang nglairake anak; baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe.


ewasamono sira celathua: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira bakal padha Suntimbali nglumpuk saka ing panggonane para bangsa, sarta Sunkumpulake saka ing nagara-nagara, papan panggonanira kasebar, tuwin sira bakal Sunparingi tanah Israel.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.


Turune Yehuda bakal Sunsantosakake, lan turune Yusuf Sunluwari; bakal padha Sunulihake, marga padha Sunwelasi; kaanane kaya-kaya ora tau Sunsebratake, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahe, sarta bakal Sunsembadani sapanyuwune.


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mulihake kaananmu lan melasi marang kowe. Kowe bakal dikumpulake maneh saka ing antarane para bangsa, saka ing ngendi parane anggonmu disebar dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan