Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 8:6 - Kitab Sutji

6 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Manawa lelakon ing wektu iku diarani aneh dening kekarene bangsa iki, apa Ingsun iya bakal mastani aneh uga? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 8:6
13 Iomraidhean Croise  

Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”


Nanging panggedhening prajurit, kang dadi ajudane Sang Nata, mangsuli marang abdining Allah, ature: “Sanadyan Sang Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, punapa saged ingkang makaten punika?” Paring wangsulane abdining Allah: “Lah kowe bakal nyumurupi iku kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”


kadadeyan iku saka ing Pangeran Yehuwah, sarta elok ing pandeleng kita.


Dhuh Pangeran Yehuwah! Saestu Paduka punika ingkang nitahaken langit tuwin bumi, kaliyan karosan Paduka ingkang ageng, lan asta Paduka ingkang kaegaraken. Boten wonten barang ingkang mokal kagem Paduka!


“Sanyatane, Ingsun iki Yehuwah, Gusti Allahe sakehing titah; apa ana barang kang mokal tumrap Ingsun?


Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”


Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”


Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal.”


Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan