4 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing lurung-lurunge Yerusalem bakal ana wong kaki-kaki lan nini-nini padha lungguh maneh kalawan padha nyekel teken, marga saka kehing umure;
yen kelakon bisa tangi maneh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bebas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunane kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggone tetamba nganti samarine.
Ing wektu iku prawan-prawan padha seneng-seneng jejogedan asukarena wong anom lan wong tuwa bakal padha sumyak-sumyak. Ingsun bakal nyantuni rudatine dadi kabungahan, nglipur lan mbungahake wong-wong iku sawise padha nandhang prihatin.
iku diprentahi mangkene: “Lumayua, wong nom kang ana ing kana kae kandhanana: Yerusalem bakal tetep kaya ara-ara kang ngeblak, awit saka kehing manungsa lan kewan kang ana ing jerone.
Nanging kowe wis padha cedhak karo gunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kang asipat gesang, Yerusalem kaswargan sarta karo golonganing malaekat maewu-ewu, sawijining kumpulan kang rame nyenengake,
Lah bakal tumeka ing titimangsane, manawa Ingsun bakal nyempal tanganing karosanira, apadene tanganing kulawarganira, temah ora ana wong siji-sijia kang nganti kaki-kaki ing brayatira.
Dene sira bakal ora seneng nyawang marang sakehing kabecikan kang bakal Suntandukake marang Israel lan ing kulawarganira ora bakal ana siji-sijia wong kaki-kaki ing salawase.