Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 8:2 - Kitab Sutji

2 “Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Banget anggoningSun mbudidaya nindakake samubarang kanggo Sion lan kalawan bramatya kang banter.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 8:2
12 Iomraidhean Croise  

Saka panunggalane Manasye uga ana kang padha mbalik mbiyantu Sang Prabu Dawud, nalika panjenengane bebarengan karo wong Filisti merangi Sang Prabu Saul. Lugune panjenengane iku ora sida mitulungi wong Filisti, sabab para ratu ing kutha-kuthane wong Filisti iku sawuse mutus, banjur ngesahake panjenengane, awit rembage mangkene: “Saged ugi mangke mbalik dhateng Saul, gustinipun, kalayan ngulungaken sirah kita.”


Banjur ngagem kaadilan kadadekake kere lan toponging karahayon ana ing mustakane; ngagem busana piwales sarta jubahing panggalih benter.


Paduka mugi karsaa mirsani saking swarga saha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung! Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka, panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka? Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak!


Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe, sarta welas-asih marang umate.


Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe.


Sapa kang kuwat nadhahi bebendune? Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune? Bramatyane kaesokake kaya geni, tuwin gunung parang nganti padha jugrug.


Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan