ZAKHARIA 8:16 - Kitab Sutji16 Iki prakara-prakara kang kudu sira tindakake: Sawiji-wijining wong ngucapa kang bener marang pepadhane, lan netepana angger-angger ing sabenere kang njalari tentrem ana ing gapura-gapuranira. Faic an caibideil |
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah.
“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Wektu puwasa ing sasi kaping pat, lan ing sasi kalima, ing sasi kapitu lan ing sasi kaping sapuluh, iku bakal dadi kabungahan lan suka pari suka sarta dadi riyaya kang nengsemake marang turune Yehuda; mulane sira padha nengenna marang kabeneran lan karukunan!”