Kumerening Efraim bakal ilang, lan kang ngrupeki Yehuda bakal sirna. Efraim ora bakal meri maneh marang Yehuda, sarta Yehuda ora bakal ngrupeki Efraim maneh.
Ing wektu iku kowe bakal munjuk: “Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula, nanging bebendu Paduka sampun kendel tuwin Paduka lajeng nglipur kawula.
Ing kono pangandikane Nabi Hagai: “Mangkono uga tumrap umat iki, lan tumrap bangsa iki ana ing ngarsaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, – lan sakehe pagaweaning tangane, sarta apa kang padha disaosake ana ing kana, iku najis.”
Padha nggatekna wiwit dina iki lan sateruse –, wiwit sasi kasanga tanggale ping patlikur; wiwit dinane Padalemane Yehuwah kapasangan pondhamen. Padha nggatekna