Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 8:10 - Kitab Sutji

10 Awit sadurunge iku wong padha ora oleh rejeki, mangkono uga kewan: sarta wong kang mlebu metu ora bisa tentrem marga saka anane mungsuh, apadene Ingsun ndadekake wong kabeh padha memungsuhan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 8:10
11 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir, supaya padha perang, saben wong nglawan sadulure lan saben wong nglawan mitrane, kutha nglawan kutha, karajan nglawan karajan;


Lah Ingsun bakal nimbali juru amek iwak akeh, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, kang bakal nyekeli wong iku. Sawuse iku Ingsun ndhawuhi grema akeh kang mbujung wong iku saka ing sakehe gunung-gunung lan tengger-tengger sarta saka ing lowah-lowahing parang.


Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha, kang ora ndadekake gumetere wong-wong? Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha, kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake?


Sanadyan padha lumaku ana ing ngarepe mungsuhe minangka tawanan, Ingsun bakal utusan pedhang supaya mateni wong-wong iku ana ing kono. Ingsun bakal ngarahake tingalingSun marang wong-wong iku supaya padha cilaka, ora supaya padha slamet.”


Ing kono pangandikane Nabi Hagai: “Mangkono uga tumrap umat iki, lan tumrap bangsa iki ana ing ngarsaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, – lan sakehe pagaweaning tangane, sarta apa kang padha disaosake ana ing kana, iku najis.”


Ing papan-papan pangangson, manut swaraning wong kang padha kekidungan, ing kono wong ngidungake pakaryane Sang Yehuwah kang adil, pakaryane kang adil tumrap wong padesan ing Israel. Ing nalika iku umate Sang Yehuwah padha mudhun menyang gapura.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan