ZAKHARIA 7:9 - Kitab Sutji9 “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine. Faic an caibideil |
“He para tedhak turune Dawud, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: Saben esuk nindakna putusan kang adil, lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya, supaya mulad-mulading bebenduningSun aja nganti nyamber kaya geni, sarta makantar-kantar, ora ana kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah.
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.