Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 7:7 - Kitab Sutji

7 Iki rak pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah lumantar para nabi kang dhisik, nalika Yerusalem dalah kutha-kutha ing saubenge isih dienggoni lan isih santosa, mangkono uga Tanah Negeb lan Dhaerah Pagunungan iya isih dienggoni.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 7:7
23 Iomraidhean Croise  

Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaningSun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh, manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake marang Dawud


Kitha-kitha ing Tanah Negeb sampun dipun inebaken gapuranipun, lan boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngengakaken. Yehuda sampun kabucal sadaya kabandhang dhateng pambucalan sadaya.


Para wong saka ing kutha-kuthane Yehuda lan saka ing panggonan-panggonan ing sakubenge Yerusalem, saka tanahe Benyamin, lan saka Dhaerah Tengger, saka ing pagunungan sarta saka ing Tanah Negeb, kanthi nggawa kurban obaran, kurban sembelehan, kurban dhaharan lan menyan, ngaturake kurban pamuji sokur menyang ing padalemane Sang Yehuwah.


Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa, nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake!” Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomanira, amarga sira emoh ngrungokake dhawuhingSun!


Wong bakal tuku pategalan kalawan salaka, nulis layang bab doltinuku kang ingecap lan sineksekake ana ing tlatah Benyamin, ing sakubenge Yerusalem, ing kutha-kuthane Yehuda, ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan lan ing kutha-kutha ing Tanah Negeb. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan, ing kutha-kutha ing Tanah Negeb, ing tlatahe Benyamin, ing saubenge Yerusalem lan ing kutha-kuthane Yehuda, wedhus-wedhus bakal liwat maneh ana ing sangisoring tangane kang ngetung. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku!


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


kejaba manawa sira padha temen-temen mbecikake tindak-tanduk lan panggawenira sarta temen-temen nindakake kaadilan ana ing satengahira dhewe-dhewe,


Atine padha diatosake kaya inten, supaya aja nganti krungu marang piwulang lan pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kalawan Rohe lumantar para nabine kang dhisik, temah padha kataman bebendune Sang Yehuwah kang ngedab-edabi.


Apamaneh manawa sira mangan utawa ngombe, rak iya mung mangan utawa ngombe kanggo awakira dhewe, ta?


Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Zakharia, mangkene:


tanah Negeb lan Lebak Yarden, lebak Yerikho, kutha wit kurma, nganti tutug ing Zoar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan