Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 7:6 - Kitab Sutji

6 Apamaneh manawa sira mangan utawa ngombe, rak iya mung mangan utawa ngombe kanggo awakira dhewe, ta?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 7:6
15 Iomraidhean Croise  

Ing dina iku banjur padha mangan lan ngombe ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah kalawan kabungahan gedhe; sawuse iku tumuli padha mindhoni anggone njumenengake dadi ratu Pangeran Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, sarta njebadi panjenengane anggone jumeneng ratu kagem Pangeran Yehuwah lan uga njebadi Zadhok dadi imam.


Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun, tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira. Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan, sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.


“Punapa sababipun dene kawula sami siyam Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan Paduka kok boten karsa nguningani?” Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.


Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!


Bakal ora ngunjukake kurban unjukan anggur marang Pangeran Yehuwah, sarta kurban-kurbane sembelehan ora bakal gawe renane Panjenengane; rotine kaya rotining kasusahan, kang mangan bakal padha dadi najis kabeh, marga rotine iku mung kanggo awake dhewe, ora kepareng digawa lumebu menyang ing padalemane Pangeran Yehuwah.


“Sira mratelakna marang rakyat sakabehe lan marang para imam, mangkene: Nalika sira padha puwasa karo ngadhuh-adhuh ing sasi kalima lan kapitu salawase pitung puluh taun iki, apa enggonira puwasa iku kagem kaluhuraningSun?


Iki rak pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah lumantar para nabi kang dhisik, nalika Yerusalem dalah kutha-kutha ing saubenge isih dienggoni lan isih santosa, mangkono uga Tanah Negeb lan Dhaerah Pagunungan iya isih dienggoni.”


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


dene dhuwit iku banjur tukokna apa sasenenging atimu, apa sapi, wedhus, anggur utawa minuman keras utawa apa bae kang dipengini atimu, tumuli mangana ana ing kono ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu sarta bungah-bungaha, iya kowe dalah brayatmu.


Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.


Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan