Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 7:5 - Kitab Sutji

5 “Sira mratelakna marang rakyat sakabehe lan marang para imam, mangkene: Nalika sira padha puwasa karo ngadhuh-adhuh ing sasi kalima lan kapitu salawase pitung puluh taun iki, apa enggonira puwasa iku kagem kaluhuraningSun?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 7:5
27 Iomraidhean Croise  

Bareng para panggedhening wadya-bala padha mireng, manawa Sang Nata ing Babil wus misuda Sang Gedalya, banjur padha murugi Sang Gedalya, menyang ing Mizpa, yaiku Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, saka ing Netofa, lan Sang Yaasanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake dening wadya-balane.


Nanging ing sasi kang kapitu Sang Ismael bin Netanya bin Elisama, kang isih trahing ratu, kalawan kadherekake ing wong sepuluh, tindak murugi Sang Gedalya, kang banjur disedani, samono uga para wong Yehuda lan para wong Kasdim kang padha ndherek panjenengane ana ing Mizpa.


Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun, tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira. Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan, sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.


“Punapa sababipun dene kawula sami siyam Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan Paduka kok boten karsa nguningani?” Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.


Saindenging nagara iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang raja ing Babil pitung puluh taun lawase.


Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Samangsa wus ganep pitung puluh taun tumrap Babil, Ingsun lagi nggalih marang sira. Ingsun bakal nuhoni prasetyaningSun marang sira, ngulihake sira marang panggonan kene.


Nalika sasi kalima tanggal kaping sapuluh – iku taun kang kaping sangalase jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil – Sang Nebuzaradan, panggedhene wadya-bala pengawal, kang ngladeni Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem.


ing taun kapisane anggone jumeneng nata iku, aku, Dhaniel, niti-priksa ana ing kumpulan Kitab, cacahing taun, kang manut pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yeremia bakal kelakon tumrap tumpukan gempurane kutha Yerusalem yaiku pitung puluh taun.


Pasambate marang Ingsun iku ora metu saka ing prentuling atine, nanging padha nangis ana ing paturone. Padha natoni awake supaya oleha gandum lan anggur, sarta padha mbalela marang Ingsun.


Ing kono ature Sang Malaekating Yehuwah: Dhuh Yehuwah, Gustinipun sarwa tumitah, badhe ngantos pinten laminipun anggen Paduka boten welas dhateng Yerusalem sarta kitha-kithanipun Yehuda ingkang sampun Paduka bendoni laminipun pitung dasa taun punika?


sarta matur marang para imam kang ana ing padalemaning Yehuwah Gustine sarwa dumadi lan marang para nabi, mangkene: “Punapa kula kedah sami nangis lan puwasa ing wulan kaping gangsal kados ingkang sampun kula lampahi mataun-taun laminipun punika?”


Ing kono ana pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang aku, mangkene:


Apamaneh manawa sira mangan utawa ngombe, rak iya mung mangan utawa ngombe kanggo awakira dhewe, ta?


“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Wektu puwasa ing sasi kaping pat, lan ing sasi kalima, ing sasi kapitu lan ing sasi kaping sapuluh, iku bakal dadi kabungahan lan suka pari suka sarta dadi riyaya kang nengsemake marang turune Yehuda; mulane sira padha nengenna marang kabeneran lan karukunan!”


Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.


“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.


Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.


“Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Lan Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau.


lan sadhengah apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan