Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 7:2 - Kitab Sutji

2 Dene wong kang manggon ing Betel wus padha kongkonan Sarezer lan Regem-Melekh sakancane, supaya ngunjukake panyuwun muga kaparingana sih-kamirahane Sang Yehuwah,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 7:2
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.


saka ing Betel lan Ai: rong atus telulikur;


supaya padha bisa ngaturake kurban kang gawe renaning panggalihe Gusti Allahing swarga lan ndedonga kagem Sang Prabu dalah para putrane.


Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?


Sakehing wedhus ing Kedar bakal nglumpuk ana ing ngarepira, wedhus lanang saka ing Nebayot bakal cumawis kanggo pangibadahira; kabeh iku bakal kacaosake ana ing misbyahingSun minangka kurban kang ndadekake keparengingSun, sarta Ingsun bakal damel sumoroting padalemaningSun kang agung.


Punapa Sang Prabu Hizkia, raja ing Yehuda lan sakathahipun tiyang Yehuda lajeng mejahi piyambakipun? Piyambakipun rak ngabekti dhateng Sang Yehuwah, satemah nunten nyuwun sih-piwelasipun Sang Yehuwah, mugi Sang Yehuwah kaduwunga ing bab bilai ingkang kaancamaken dhateng para leluhur kita. Lah sapunika kita, punapa kita badhe ndhatengaken bilai ingkang ageng sanget punika dhateng badan kita piyambak?”


“Ing dina iki uga sira lungaa, menyang omahe Yosia bin Zefanya narikana pisungsunge Heldai, Tobia lan Yedaya, wong kang wus padha bali saka ing pambuwangan ing Babil.


sarta para kang manggon ing kutha kang siji padha marani marang kang manggon ing kutha sijine kalawan ngucap: Payo padha sowan ngunjukake panyuwun marang Sang Yehuwah, supaya karsaa paring kamirahan tuwin ngupaya marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi! Aku dhewe iya bakal padha sowan.


kula lajeng manah: Sadhela engkas wong Filisti nempuh aku ing Gilgal, mangka durung nyuwun sihkadarmane Sang Yehuwah, milanipun kula lajeng kamipurun ngaturaken kurban obaran.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan