ZAKHARIA 7:12 - Kitab Sutji12 Atine padha diatosake kaya inten, supaya aja nganti krungu marang piwulang lan pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kalawan Rohe lumantar para nabine kang dhisik, temah padha kataman bebendune Sang Yehuwah kang ngedab-edabi. Faic an caibideil |
Ingsun bakal nemtokake sira marang pedhang, tuwin sira bakal padha jengkeng arep disembeleh! Amarga nalika Ingsun nimbali, sira ora ngaturake wangsulan, nalika Ingsun ngandika, sira ora padha ngrungokake, nanging sira nglakoni kang ala ana ing paningalingSun lan luwih dhemen marang apa kang ora ndadekake keparenging panggalihingSun.”
Punapa Sang Prabu Hizkia, raja ing Yehuda lan sakathahipun tiyang Yehuda lajeng mejahi piyambakipun? Piyambakipun rak ngabekti dhateng Sang Yehuwah, satemah nunten nyuwun sih-piwelasipun Sang Yehuwah, mugi Sang Yehuwah kaduwunga ing bab bilai ingkang kaancamaken dhateng para leluhur kita. Lah sapunika kita, punapa kita badhe ndhatengaken bilai ingkang ageng sanget punika dhateng badan kita piyambak?”
Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan? Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika, ewadene boten ngraos sakit. Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika, ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi. Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela, lan sami boten purun mratobat.