ZAKHARIA 7:11 - Kitab Sutji11 Nanging padha ora gelem nilingake, malah ngakokake pundhake sumedya nglawan lan mbudhegake kupinge supaya aja nganti krungu. Faic an caibideil |
Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.
Paduka engetaken supados sami wangsul dhateng angger-angger Paduka. Nanging sami ngatingalaken gumunggungipun, boten mituhu dhateng pepaken Paduka, sami nerak pranatan-pranatan Paduka, mangka inggih punika ingkang dados marginipun tiyang manggih gesang manawi sami nglampahi makaten. Sami masang pundhakipun kangge nglawan, sami ngakenaken githokipun sarta boten purun mirengaken.
Ingsun bakal nemtokake sira marang pedhang, tuwin sira bakal padha jengkeng arep disembeleh! Amarga nalika Ingsun nimbali, sira ora ngaturake wangsulan, nalika Ingsun ngandika, sira ora padha ngrungokake, nanging sira nglakoni kang ala ana ing paningalingSun lan luwih dhemen marang apa kang ora ndadekake keparenging panggalihingSun.”
“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake ana ing kutha kene lan kutha-kutha ing sakiwatengene sakehing bilai kang wus Sungandikakake, yen bakal nempuh wong-wong iki, amarga padha nekad mbangkang lan ora ngrungokake marang pangandikaningSun.”
Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun.
Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.”
Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan? Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika, ewadene boten ngraos sakit. Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika, ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi. Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela, lan sami boten purun mratobat.
Sira aja padha kaya para leluhurira, kang wus padha dipituturi dening para nabi ing maune mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha ngundurana lakunira kang ala lan pokalira kang duraka! Nanging padha ora gelem ngrungokake sarta padha ora mreduli marang Ingsun. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. –
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.