ZAKHARIA 7:10 - Kitab Sutji10 Aja nindhes randha lan bocah lola, apadene wong ngamanca lan wong miskin, mangkono uga ing sajrone atinira aja ana kang ngrancang sumedya nandukake piala marang wong siji lan sijine.” Faic an caibideil |
“He para tedhak turune Dawud, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: Saben esuk nindakna putusan kang adil, lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya, supaya mulad-mulading bebenduningSun aja nganti nyamber kaya geni, sarta makantar-kantar, ora ana kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.