Nabi Elisa banjur ndedonga: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun, supados piyambakipun sumerep.” Pangeran Yehuwah tumuli mbikak mripate batur mau, satemah bisa sumurup. Gununge katon kebak prajurit jaranan lan kretan kang murub, kang ana ing sakubenge Nabi Elisa.
Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman? Manawa ngumpetake pasuryane, sapa kang bakal sumurup Panjenengane, sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? –,
Sabab lah Sang Yehuwah bakal rawuh kalawan geni, tuwin kreta-kretane bakal kaya lesus, prelu ndhawahake bebendune kang mulad-mulad lan dedukane kang murub mangalad-alad.
Delengen anggone munggah kaya lakuning mendhung, karetane perang rikate kaya prahara, jarane cukate ngluwihi manuk garudha. Adhuh cilaka aku, awit aku padha disirnakake!
Nanging tunggake tinggalen, tumanceb ing bumi, tinalenana nganggo rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, cikben katelesan ing ebuning langit sarta bebarengan karo kewan-kewan oleh panduman suket ing bumi!
Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”
Sabanjure potholing sungu mau kang tilase kathukulan sungu papat, iku tegese: bakal ana karajan papat kang jumedhul saka ing bangsa iku, nanging pangwasane ora padha karo kang dhisik.
Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake – aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane –
Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu, lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan, kalungguhane jajar karo para bangsa luhur, lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya. Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi; lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.