8 Pangandikane malaekat mau: “Iku kadursilan!” Wong wadon iku banjur dijorogake maneh ana ing takeran efa, sarta bandhule timah kabanting ing cangkeme efa.
Sakehing panerakku iku pasangan kang abot, sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran, kang ditumpangake ana ing guluku, satemah njalari enteking kakuwatanku. Pangeran wus ngulungake aku marang ing tangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi.
lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar, supaya kita bisa adol gandum, sarta besuk apa rampunge dina Sabat, supaya kita bisa nawakake gandum kalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel, ngapusi kalawan timbangan palsu,
awit padha ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.