Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 5:7 - Kitab Sutji

7 Lah, tutupe timah takeran iku wus kaangkat, lan ing jerone ana wonge wadon kang lungguh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 5:7
11 Iomraidhean Croise  

Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.


Wangsit bab Moab. Lah sajrone sawengi Ar-Moab wus karusak, kasirnakake; lah sajrone sawengi Kir-Moab wus karusak, kasirnakake!


kowe gawe papan tandhon banyu ana ing antarane tembok loro mau kanggo ngwadhahi banyu ing blumbang kang lawas; nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku, lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.


Priya kang ngadeg ana ing antarane wit jambu keling iku banjur wiwit guneman, celathune: Iki kabeh wong kang padha kautus dening Pangeran Yehuwah ndlajahi bumi.


Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa!” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara!”


Pangandikane malaekat mau: “Iku kadursilan!” Wong wadon iku banjur dijorogake maneh ana ing takeran efa, sarta bandhule timah kabanting ing cangkeme efa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan