6 Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa!” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara!”
Sira padha migunakna timbangan kang bener, watu timbangan kang bener, takeran efa kang bener lan takeran hin kang bener; Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir.
lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar, supaya kita bisa adol gandum, sarta besuk apa rampunge dina Sabat, supaya kita bisa nawakake gandum kalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel, ngapusi kalawan timbangan palsu,
Ingsun mangsa kasupena marang raja-brana kang saka kadursilan ing omahe wong duraka, lan marang takeran efa kang cidra sarta kang kena ing ipat-ipat iku!
Ing dina iku Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang saben wong kang nglumpati tlundhaking lawang, kang ngebaki omahe bendarane kalawan panganiaya lan para cidra.