Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 5:3 - Kitab Sutji

3 Tumuli aku dipangandikani maneh, mangkene: “Iku sumpah wewelak kang nempuh ing sawratane nagara kabeh; sabab miturut surasane sumpah wewelak iku, saben maling ana ing kene isih luput ing paukuman, mangkono uga saben wong kang nglairake sumpah palsu iya isih luput ing paukuman.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 5:3
42 Iomraidhean Croise  

Sing sapa nampani panduman saka maling, iku sengit marang awake. Wus krungu tumibaning ipat-ipat, nanging ora disumurupi.


Omahe wong duraka iku kanggonan laknate Sang Yehuwah, nanging panggonane wong mursid diberkahi.


Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa? Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula.


Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat, lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman; awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna, lan manungsa bakal mung kari sathithik.


Dadine Ingsun kepeksa najisake para pemimpine papan pasucen, lan kepeksa ngulungake Yakub supaya katumpes sarta Israel supaya dicecamah.”


Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub, kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israel lan kang padha dadi turune Yehuda, kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwah tuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel – nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati –


Nagara wus kebak wong laku jina; sanyata marga saka ipat-ipat iki nagara iki dadi garing, lan suket-suket ing ara-ara padha alum; kang diburu mung piala, lan karosane iku anggone padha ora adil.


temah Ingsun bakal ndadekake omah iki kaya Silo, lan kutha iki dadi ipat-ipat tumrap sakehing bangsa ing salumahing bumi.”


Sanadyan padha ngucap: “Demi Sang Yehuwah kang gesang,” ewadene supatane iku palsu.


Lah kok sira isih nyenyolong, memateni, laku bandrek, lan nglairake sumpah palsu, kekutug nyembah marang Baal sarta ngetutwuri allah liyane kang ora sira sumurupi;


Aku mulat, lah ana asta kang kaulungake marang aku lan asta mau nyepeng layang gulungan,


Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.


Kang ana mung ipat-ipat, goroh, memateni sarta nyenyolong, laku jina, nglakoni pangroda-peksa, lan ngwutahake getih tanpa kendhat.


Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.


Sira aja sumpah goroh demi asmaningSun, supaya aja nyawiyah marang kasucening asmane Allahira; Ingsun iki Yehuwah.


“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”


Ingsun kang nglampahake wewelak iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”


Aja ngangen-angen marang cilakane pepadhanira, karomaneh aja seneng asumpah palsu, sabab kabeh iku Sunsengiti.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Iku bakal mbalekake atine para bapa marang anak-anake, sarta atine para anak marang para bapakne, supaya Ingsun aja nganti rawuh lan nggebag bumi nganti tumpes tapis.


Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.


Amarga iku bakal nungkebi marang sakabehing wong kang dumunung ing bumi iki.


Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.


yaiku kanthi yakin, yen angger-anggering Toret iku ora kanggo wong kang sampurna, nanging kanggo wong murangsarak lan wong kang uripe tanpa tatanan, wong lamis lan wong dosa, wong kang nengenake kadonyan lan wong kang tanpa agama, kang mateni bapa lan mateni biyunge, kang mateni wong,


Nanging para sadulur, kang dhisik poma aja supata; dadia demi swarga dadia demi bumi utawa sadhengaha supata liyane. Manawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora, supaya kowe ora kena ing paukuman.


Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.


Mangkene kang bakal padha daktindakake: Wong iku kareben padha diuripi, supaya kita aja nganti padha katiban ing bebendu gedhe awit saka sumpah kang wus padha daklairake marang wong-wong iku.”


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan