Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 4:7 - Kitab Sutji

7 He, gunung kang gedhe, sira iku sapa? Ana ing ngarepe Zerubabel sira bakal dadi tanah rata, dene Zerubabel iku bakal ngangkat watu kang pinunjul dene wong padha surak-surak: Apik! Apik banget watu iku!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 4:7
38 Iomraidhean Croise  

Anadene nalika para tukang padha masang tetalese padalemane sang Yehuwah, para imam banjur padha mapan klawan manganggo miturut kalungguhane kambi nggawa kalasangka, sarta para wong Lewi, bani Asaf, klawan nggawa kecer, kanggo ngluhurake Sang Yehuwah miturut tatanane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.


gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang, tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe.


he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang? He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe?


Watu kang tinampik dening para juru yasa omah iku wus dadi uger-ugering padon;


Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.


mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh!


Lah sira Sundadekake piranti pangrontogan kang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik; sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk, sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut,


bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon, swaraning wong kang padha ngucapake: Ngaturna puji panuwun marang Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, amarga Sang Yehuwah iku asih-darma, sih-susetyane iku langgeng ing salawase!, karo ngaturake kurban panuwun ana ing padalemane Sang Yehuwah. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane nagara iki kaya ing maune. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


He gunung pangrusak, lah, Ingsun dadi mungsuhira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – kang nglebur salumahing bumi! Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang sira, nggolingake sira saka ing parang-parang lan ndadekake sira dadi gunung geni kang wis sirep.


Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyane lan lebak-lebak padha bengkah kaya malam cedhak geni, kaya banyu nggrojog ana ing udhun-udhunan.


Ing dina-dina kang wekasan bakal kelakon, gununge padalemane Pangeran Yehuwah bakal ngadeg jejeg ngungkuli gunung-gunung, sarta munggut dhuwur ngungkuli tengger-tengger, para bangsa bakal padha gumrudug mrone,


Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing, paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget, gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk, tengger-tengger kang wus maabad-abad anane padha mendhak; kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.


Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:


“Tangane Zerubabel wus nalesi padaleman iki, iya tangane iku uga kang bakal ngrampungake, temah kowe bakal sumurup, yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.


Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.


Apa kowe durung tau maca nas iki: Watu kang dibuwang dening para juru gawe omah iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.


Nanging Gusti Yesus tumuli mandeng marang wong-wong iku lan ngandika: “Manawa mangkono apa tegese nas iki: Watu kang tinampik dening para juru gawe omah, iya iku kang wis dadi watu ing pojok.


Saben jurang bakal kaurugan, lan saben gunung lan punthuk bakal karata; kang menggak-menggok bakal kalencengake, kang mendhak-mandhukul bakal karata,


Gusti Yesus punika sela ingkang kabucal dening para juru yasa padaleman – inggih punika panjenengan piyambak – ewadene sampun dados selaning pepojok.


Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wis ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wis dudu sih-rahmat maneh.


kang kabangun adhedhasar ing para rasul lan para nabi, kalawan Sang Kristus Yesus kang minangka watuning pepojok.


Wondene anggone kasebut aji iku tumraping kowe kang padha pracaya. Nanging tumrap kang padha ora pracaya: “Watu kang ditampik dening para juru gawe omah, iku wus dadi watu pojokan, apadene iya wus dadi watu sandhungan lan parang patanggoran.”


Sakehe pulo banjur padha musna, lan gunung-gunung wis padha ora katemu maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan