Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 4:6 - Kitab Sutji

6 Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 4:6
33 Iomraidhean Croise  

Yusuf banjur munjuk: “Dhuh, Sang Prabu Pringon, punika sanes kawula, Gusti Allah ingkang badhe paring pawartos bab karaharjan dhateng Sang Prabu Pringon.”


Sawuse lindhu nuli ana geni kang teka, nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning geni kono. Sawuse geni iku tumuli ana swaraning angin kang midid.


Sang Prabu Asa nuli nyebut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, kajawi Paduka boten wonten sanesipun malih ingkang saged mitulungi ingkang ringkih nglawan ingkang kiyat. Paduka mugi karsaa mitulungi kawula sadaya, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, amargi kawula sami sumendhe dhumateng Paduka sarta anggen kawula sami majeng nglawan wadya-bala ingkang ageng punika mawi asma Paduka. Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula sadaya. Paduka sampun ngantos marengaken manungsa gadhah kakiyatan kangge nglawan Paduka!”


Tekane padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Seraya, Reelaya, Mordekhai, Bilsan, Mispar, Bigwai, Rehum lan Baana. Iki dhaftare wong-wong bangsa Israel:


Anadene nalika para tukang padha masang tetalese padalemane sang Yehuwah, para imam banjur padha mapan klawan manganggo miturut kalungguhane kambi nggawa kalasangka, sarta para wong Lewi, bani Asaf, klawan nggawa kecer, kanggo ngluhurake Sang Yehuwah miturut tatanane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.


Ing wektu samana Sang Zerubabel, putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua bin Yozadak mbangun padalemane Allah kang ana ing Yerusalem. Wong mau padha diamping-ampingi sarta dibiyantu dening para nabining Allah.


Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane; pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.


Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.


Bilai anak-anak kang mbalela, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – kang padha nindakake rancangan kang ora saka Ingsun, kang lumebu ing pasarujukan, kang ora marga saka karsaning RohingSun, satemah dosane saya wuwuh-wuwuh,


Nganti kita padha kaesokan ing Roh saka ing dhuwur; pasamunan banjur dadi kebon wowohan, tuwin kebon wowohan iku bakal kaanggep alas.


Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen; makhluk-makhluk iku mau kabeh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kelangan kancane; amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah, sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.


Ing kono wong banjur bakal wedi marang asmaning Pangeran Yehuwah ana ing papan suruping srengenge tuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge, awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut, kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.


Salebetipun gusti kawula mirsani, tanpa pandameling tangan manungsa, wonten sela ingkang mlesat nempuh reca wau kaleres ing sukunipun tosan saha lempung ngantos remuk.


Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”


Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ing sasi kang kaping nem tanggal sapisan, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, kadhawuhake marang Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan marang Imam Agung Yusak bin Yozadak, surasane:


Mbeneri ing sasi iku tanggal kaping patlikur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Hagai kang paing pindhone, surasane:


kalawan pratelanana: Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Lah iki priya kang asmane Sang Trubusan. Iki bakal tuwuh saka ing papane, lan bakal yasa padalemane Sang Yehuwah.


“Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkang nguwaosi rohing sadaya tumitah, mugi karsaa ngangkat satunggaling tiyang,


karomaneh padha nampanana tetopong karahayon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah,


Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.


Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.”


Lan wong sapasamuwan padha ngretia, manawa Sang Yehuwah anggone mitulungi ora mawa pedhang lan tlempak. Amarga peperangan iku ana ing astane Sang Yehuwah lan Panjenengane masrahake kowe ana ing tanganku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan