Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 4:5 - Kitab Sutji

5 Malaekat kang ngandikan karo aku iku nuli ndangu: “Kowe apa ora ngreti tegese kabeh iku?” Aturku: “Boten mangretos, bendara!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 4:5
9 Iomraidhean Croise  

Yusuf banjur munjuk: “Dhuh, Sang Prabu Pringon, punika sanes kawula, Gusti Allah ingkang badhe paring pawartos bab karaharjan dhateng Sang Prabu Pringon.”


Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula, inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh.


Wondene kawula sampun kaparingan sumerep bab wewados punika, boten margi saking kawicaksanan ingkang bokmanawi wonten ing kawula punika nglangkungi kawicaksananipun sadaya tiyang ingkang gesang, nanging punika supados maknanipun kauningakna dhumateng gusti kawula Sang Prabu, punapa dene supados gusti kawula mirsaa punapa ingkang ginalih dening gusti kawula.


Aku banjur matur: Dhuh bendara, punapa tegesipun sadaya punika? Malaekat kang mangandikani aku tumuli paring wangsulan mangkene: Aku bakal nuduhake apa tegese kabeh iku mau.


Kacarita malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, banjur nggigah aku patrape kaya nggigah wong lagi turu.


Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe apa ora sumurup tegese iku?” Atur wangsulanku: “Boten sumerep, bendara!”


Aku tumuli matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku mangkene: “Dhuh bendara, punika tegesipun kadospundi?”


Tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora padha ngreti isining pasemon iki? Manawa mangkono kapriye bisamu ngreti pasemon-pasemon liyane kabeh?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan