Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 4:10 - Kitab Sutji

10 Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel. Dene kang pitu iki tingale Sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 4:10
26 Iomraidhean Croise  

Awit paningaling Yehuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhe ngluberaken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun. Gegayutan kaliyan bab punika panjenengan dalem sampun tumindak tanpa budi, milanipun wiwit ing sapunika panjenengan dalem badhe tansah ngalami peperangan.”


Satemah kaananmu kang wiwitan bakal katon asor, dene kaananmu kang wekasan bakal dadi mulya banget.


saka ing padalemane nguningani sakehing isine bumi.


Tingale Pangeran Yehuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon, nguningani wong ala lan wong becik.


Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.


supaya kowe padha nusu nganti wareg marang susu kang nyegerake kowe kabeh, supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak.


Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah, sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule; astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine, sarta bebendune marang para satrune.


Amarga Ingsun wus nguningani polah-tingkahe kabeh; iku kabeh Ingsun ora kesamaran lan dosane ora kaling-kalingan ana ing paningalingSun.


Makhluk-makhluk kang urip iku padha mabur mrana-mrene kaya thathit.


Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”


Nalika walang mau wiwit ngentekake thethukulan ing bumi, nuli unjukku: “Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa paring pangapunten! Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun? Piyambakipun rak alit, ta?”


Aku nuli munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa kendel! Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun? Piyambakipun punika rak alit, ta?”


“Sira ndhawuhana marang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta marang para wong kekarene umat, mangkene:


Mungguh watu adi kang wus Sunpasrahake marang Yusak iku saben watu siji ana mripate pitu, sarta Ingsun bakal natahi ukir-ukirane. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. – Apamaneh Ingsun bakal ngicali durakane nagara iku mung ing sajroning sadina.


Wangsit pangandikane Gusti Allah. Ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap nagara Hadrakh kang kendele ana ing Damsyik. Marga Sang Yehuwah kang kagungan kutha-kutha ing Aram lan sakehe suku Israel,


Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Tumuli aku weruh malaekat pitu kang ngadhep ana ing ngarsaning Allah, padha kaparingan kalasangka pitu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan