Nalika panjenengane lagi ngandika marang aku mangkono iku, aku nuli semaput lan tiba kerungkep ing lemah; nanging aku banjur didemek lan diadegake maneh.
aku banjur matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Punika tegesipun punapa?” Paring wangsulane: “Sungu-sungu iku kang wus mbuyarake Yehuda, Israel, sarta Yerusalem.”
Aku banjur matur: Dhuh bendara, punapa tegesipun sadaya punika? Malaekat kang mangandikani aku tumuli paring wangsulan mangkene: Aku bakal nuduhake apa tegese kabeh iku mau.