Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 3:7 - Kitab Sutji

7 “Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 3:7
30 Iomraidhean Croise  

Mulane mangkono awit Abraham wus ngestokake dhawuhingSun lan netepi kang dadi kawajibane marang Ingsun, yaiku kabeh pepakon, pranatan lan angger-anggeringSun.”


Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,


Lan manawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan parentahingSun, padha kaya ramanira Dawud, Ingsun bakal paring tambahing umurira.”


Wong-wong mau uga kawajiban rumeksa marang Tarub Suci lan papan suci sarta mbiyantu para tedhake Rama Harun, yaiku para sadulure, ing bab anggone nindakake tata pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.”


nanging wong kang ngeneni uga bakal mangan lan bakal memuji marang Pangeran Yehuwah, tuwin wong kang nglumpukake uga bakal ngombe ana ing plataran-plataraning pasuceningSun.”


Sira ora padha rumeksa marang barang-barangingSun kang suci sarta sira padha ngangkat wong-wong mau sira dadekake kang nindakake kawajibanira marang Ingsun ana ing pasuceningSun.


Iya iki bageaning imam-imam kang wus kasucekake, yaiku para turune Zadhok, kang nglakoni kawajibane kagem Ingsun lan kang ora melu tumindak nasar ing sajrone pamblasare wong Israel, yaiku para wong Lewi.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


Kowe padha tugura ana ing ngarepe lawanganing Tarub Pasewakan pitung dina pitung bengi, lan padha netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Pangeran Yehuwah kanthi temen-temen, supaya aja nganti padha mati, awit mangkono iku kang kadhawuhake marang aku.”


Sang Malaekating Yehuwah tumuli pratela marang Imam Agung Yusak:


Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”


Wong-wong kang adoh bakal padha teka melu mbangun padalemane Sang Yehuwah, ing kono kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe kabeh. Lan prakara iki bakal kelakon, manawa kowe padha ngrungokake swarane Pangeran Yehuwah Allahmu kalawan temenan.”


Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.”


Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.


supaya kowe padha bisa mangan lan ngombe tunggal sameja karo Aku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili talere Israel rolas.”


Ing daleme RamaKu akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe rak mesthi wis padha Dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe.


Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparingSun, padha kaya Ingsun uga wus unggul lan banjur lenggah kalawan RamaningSun ana ing dhampare.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan