Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 3:6 - Kitab Sutji

6 Sang Malaekating Yehuwah tumuli pratela marang Imam Agung Yusak:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 3:6
11 Iomraidhean Croise  

ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.


Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun!


Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure, sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.


Sawuse mangkono aku banjur dituduh Imam Agung Yusak jumeneng ana ing ngarsane Sang Malaekating Yehuwah, dene setan ngadeg ana ing tengene, prelu ndakwa panjenengane.


Tumuli dhawuh: “Sirahe anggonana serban kang resik!” Mastakane nuli diagemi serban resik, sarta diagemi pangageman pista; anadene Sang Malaekating Yehuwah jumeneng ana ing sacedhake.


“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan