Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 3:5 - Kitab Sutji

5 Tumuli dhawuh: “Sirahe anggonana serban kang resik!” Mastakane nuli diagemi serban resik, sarta diagemi pangageman pista; anadene Sang Malaekating Yehuwah jumeneng ana ing sacedhake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 3:5
13 Iomraidhean Croise  

Kabeneran kang dadi sandhanganku tuwin aku nganggo kaadilan kayajubah lan sreban.


sirahe sira etrapana serban lan blebekan suci kapasanga ing serban mau.


pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba.


Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.


Manawa para imam lumebu ing pasucen, ora bakal metu menyang ing plataran njaba, sadurunge cucul sandhangan ana ing kono yaiku sandhangane kang dianggo nalika nganakake pangibadah, amarga sandhangan mau suci. Mulane kudu nganggo sandhangan liyane, sawuse mangkono lagi kena menyang ing panggonane umate Sang Yehuwah.”


Sang Malaekating Yehuwah tumuli pratela marang Imam Agung Yusak:


Munguta salaka lan mas, iku banjur gawenen makutha lan sira etrapna ing sirahe Imam Agung Yusak bin Yozadak,


para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sarta sujud marang Panjenengane kang gesang ing salawas-lawase. Sarta padha nyelehake makuthane ana ing sangarepe dhampar iku kalawan munjuk:


Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan