ZAKHARIA 3:4 - Kitab Sutji4 Dhawuhe Sang Malaekat marang kang padha ngladosi: “Cuculana sandhangane kang reged iku.” Dene marang Imam Agung Yusak pangandikane: “Lah kaluputanira wus Sunedohake saka sira, lan sira Sunanggoni sandhangan pista.” Faic an caibideil |
Manawa para imam lumebu ing pasucen, ora bakal metu menyang ing plataran njaba, sadurunge cucul sandhangan ana ing kono yaiku sandhangane kang dianggo nalika nganakake pangibadah, amarga sandhangan mau suci. Mulane kudu nganggo sandhangan liyane, sawuse mangkono lagi kena menyang ing panggonane umate Sang Yehuwah.”
“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.