Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 3:3 - Kitab Sutji

3 Anadene Imam Agung Yusak nalika jumeneng ana ing ngarsane Sang Malaekat iku pangagemane reged.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 3:3
12 Iomraidhean Croise  

Ing wektu samana Sang Zerubabel, putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua bin Yozadak mbangun padalemane Allah kang ana ing Yerusalem. Wong mau padha diamping-ampingi sarta dibiyantu dening para nabining Allah.


Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”


samangsa Pangeran wus ngresiki reregede putri Sion lan ngicali blentong-blentonge Yerusalem saka ing satengeha kalawan roh kang ngadili lan kang ngobong.


Paduka methukaken para tiyang ingkang sami nglampahi punapa ingkang leres saha sami enget dhateng margi ingkang Paduka tedahaken! Paduka saestu duka punika, jalaran kawula sami nglampahi dosa; wiwit rumiyin kawula sami mbalela dhumateng Paduka.


Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najis saha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged; kawula sadaya sami dados alum kados ron tuwin sami sirna margi saking piawon kawula kados ron ingkang kasirnakaken ing angin.


Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber.


Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali mas, manganggo sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu manganggo sarwa ala,


Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.


Sarta pangantene putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!” (Anadene mungguh mori alus iku ngibarati kautamane para suci).


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan