ZAKHARIA 3:10 - Kitab Sutji10 Ing dina iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sira padha gentenan ngajak lelungguhan ana ing ayome wit anggur lan sangisore wit anjir.” Faic an caibideil |
Saha kauningana, kula manah-manah badhe ngedegaken padaleman kagem asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula, kadosdene ingkang sampun kaprajanjekaken dening Sang Yehuwah dhateng Rama Dawud, rama kula, makaten: Anakira kang mengko bakal Sunlungguhake ing dhamparira dadi gegentinira, iku kang bakal ngyasakake padaleman kagem asmaningSun.
Aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab mangkene pangandikane ratu ing Asyur: Padha nganakna prajanjian kalawan ingsun minangka tandhaning teluk lan padha metua sowana ing ngarsaningsun, nuli saben wong panunggalanira bakal mangan wohing wite anggur tuwin wohing wite anjir dhewe sarta ngombe banyuning sumure dhewe,