Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 2:9 - Kitab Sutji

9 “Lah ta Ingsun bakal ngobat-abitake astaningSun marang para wong iku, lan banjur padha dadi bandhangane para wong kang ing maune dadi reh-rehane.” Nuli kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi iku kang ngutus aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 2:9
30 Iomraidhean Croise  

Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob, ngacung-acungake tangane marang gununge putri Sion, tenggere Yerusalem.


Sang Yehuwah bakal ngesat teluk Mesir kalawan napase kang nggesengake, tuwin ngayatake astane marang bengawan Efrat, kang nuli kapupuh temah pecah dadi kali pitu, njalari wong banjur bisa liwat nganggo trumpah.


Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!”


Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul, nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora; ngawe-awea supaya iku padha lumebu ing gapura-gapurane para wong luhur!


Bangsa-bangsa liya bakal padha ngeterake Israel mulih menyang ing panggonane, turune Israel banjur bakal ndarbeni bangsa-bangsa iku kadadekake batur lanang lan batur wadon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono dadine bakal padha nawan wong-wong kang maune padha nawan sarta bakal ngwasani kang maune padha nindhes.


Ing nalika iku para wong Mesir bakal padha kaya wong wadon; bakal padha gumeter lan kaget marga saka astane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah kang kaagagake marang wong-wong mau.


Ing wektu iku kekidungan iki bakal karepekake ana ing tanah Yehuda: “Kita kadunungan kutha kang santosa, kanggo nylametake kita Pangeran Yehuwah wus masang tembok lan beteng.


Bilai kowe, he tukang ngrusak kang ora karusak dhewe, lan kowe, he tukang nggarong kang ora digarong dhewe! Samangsa wus rampung anggonmu ngrerusak, kowe dhewe bakal karusak; samangsa wus rampung anggonmu nggarong, kowe dhewe bakal digarong.


Ana ing kono kita bakal sumurup sapira gedhening kamulyane Pangeran Yehuwah Gusti kita: kayadene panggonan kang kebak kali lan ilen-ilen kang amba; iku ora bakal kaliwatan prau dihayungan, lan prau kapal gedhe ora bakal nyabrang ing kono.


Dhadhung-dhadhungira wus padha kendho, ora kena kanggo naleni tiyanging layar nganti kenceng ana ing papane, ora kena kanggo menthang layar. Ing wektu iku wong bakal ngedum-edum jarahan kang akeh banget, tuwin wong lumpuh bakal padha ngrayah jarahan.


Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung


Padha nyedhaka ing ngarsaningSun, iki rungokna: Wiwit biyen Ingsun ora tau ngandika kalawan sidheman lan sajrone bab iku kelakon, Ingsun ana ing kono.” Tuwin saiki Gusti Allah ngutus aku kalawan Rohe.


Ing nagaranira ora bakal ana maneh kabar bab tumindak kanthi kekerasan, bab karusakan utawa gempuran ing wewengkonira; sira bakal ngarani tembokira “Rahayu” lan gapura-gapuranira “Pangalembana”.


Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap sira lan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi, nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira.


Sakehing bangsa bakal padha ngawula marang dheweke lan anak putune, nganti tumeka ing wektune uga tumrap nagarane dhewe, nuli akeh bangsa lan ratu agung kang bakal padha nelukake.


Nanging mungguh sawijining nabi kang meca bab tentrem rahayu, manawa pameca iku kayektenan, lagi disumurupi, yen nabi iku kautus dening Sang Yehuwah temenan.”


Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh: “Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion? Apa ing kono ora ana Rajane?” Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recane lan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane?


Wong-wong mau ora bakal njupuk kayu saka ing alas trataban utawa nyigari kayu obong ana ing alas, amarga anggone padha ngurubake geni iku nganggo gegamane mau. Sabanjure bakal padha ngrampas kang biyen ngrampas wong-wong mau lan njarah-rayah kang biyen njarah-rayahi wong-wong mau. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.


Lan sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki ana ing tengahe Israel, sarta yen Ingsun iki Yehuwah, Allahira, ora ana maneh kajaba Ingsun, lan umatingSun bakal ora nandhang wirang maneh ing salawas-lawase.”


Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.


Awitdene sira wus njarah-rayahi suku bangsa akeh, mulane kekarene bangsa-bangsa iku bakal padha genten njarah-rayahi sira, marga saka getihing manungsa kang wus wutah iku lan marga saka panganiaya marang ing nagara, kutha lan sakehe wong kang manggon ing kono.


Mulane, demi Ingsun agesang, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, Allahe Israel –: Moab bakal dadi padha kaya Sodom lan bani Amon kaya Gomora, yaiku dadi panggonan kang kathukulan lateng sarta pamelikan uyah, lan dadi sepi mamring ing salawas-lawase. Kekarene umatingSun bakal njarah-rayah tanah-tanah iku lan kekarene bangsa iku bakal ngebeki tanah-tanah iku dadi pusakane.”


Pangeran Yehuwah wus nyingkirake paukuman marang kowe, wus nyirnakake mungsuhmu. Ratune Israel, yaiku Pangeran Yehuwah, iku ana ing tengahmu, kowe ora bakal wedi marang kasangsaran maneh.


Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.


Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –


“Tangane Zerubabel wus nalesi padaleman iki, iya tangane iku uga kang bakal ngrampungake, temah kowe bakal sumurup, yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe.


Wong-wong kang adoh bakal padha teka melu mbangun padalemane Sang Yehuwah, ing kono kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe kabeh. Lan prakara iki bakal kelakon, manawa kowe padha ngrungokake swarane Pangeran Yehuwah Allahmu kalawan temenan.”


Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal ngayomi umate, temah iku bakal nyirnakake lan ngidak-idak watu-watu bandhil. Bakal padha ngombe getih kaya anggur, lan padha dadi kebak kaya bokor siraman, kaya pojok-pojoking misbyah.


Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracayaa, yen iya Aku iki Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan