Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 2:8 - Kitab Sutji

8 Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 2:8
50 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli ngandika maneh marang Sang Prabu Abimelekh sajroning pasupenan mau: “Ingsun mirsa yen anggonira mangkono iku metu saka ati kang jujur, lan iya Ingsun piyambak kang menggak marang sira supaya aja nganti gawe dosa marang Ingsun. Mulane sira ora Sunlilani nggepok wong wadon iku.


Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake grombolan-grombolan saka ing tanah Kasdim, saka ing Aram, saka ing Moab lan grombolan-grombolan bani Amon, kang padha nglawan Sang Prabu Yoyakim. Pangeran Yehuwah kang ngutus iku kabeh supaya nglawan lan nyirnakake Yehuda, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang wus kalairake lumantar para abdine, yaiku para nabi.


Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat, sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:


Pepakonku gugunen, temah kowe bakal urip, lan wulangku emi-eminen kaya maniking mripatmu.


Awit papan-papanira kang samun lan sepi mamring tuwin nagaranira kang kabubrah, saiki wus keciyuten kanggo kang padha ngenggoni kang samono kehe iku sarta para wong kang arep nyirnakake sira bakal padha ngedoh.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Mungguh para tangganingSun kang dursila, kang wus ngrusuhi nagara, kang wus Sunparingake dadi tanah pusaka marang umatingSun Israel, lah dheweke bakal padha Sunbethot saka ing tanahe sarta turune Yehuda bakal Sunbethot saka ing antarane wong-wong mau.


Sakehing bangsa bakal padha ngawula marang dheweke lan anak putune, nganti tumeka ing wektune uga tumrap nagarane dhewe, nuli akeh bangsa lan ratu agung kang bakal padha nelukake.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ing sarehne Edom wus nandukake pamales ala marang turune Yehuda lan tumindak luput kang banget yaiku anggone nandukake pamales marang turune Yehuda iku.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne wong Filisti wus nandukake pamales ala lan bungah marga saka sangsarane Israel, tuwin nandukake pamales kalawan patrap memateni marga saka ananing rasa memungsuhan turun-tumurun,


“He, anaking manungsa, ing sarehne Tirus celathu bab Yerusalem mangkene: Sokur! Wus rusak gapurane bangsa-bangsa iku; mengane marep mrene, satemah aku bakal dadi kebak, nanging iku wus dadi reruntuhan.


Ingsun bakal ngudhunake sira, supaya sira bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, menyang ing panggonane bangsa dhek jaman kuna, sarta Ingsun bakal mapanake sira ana ing bumi kang ngisor dhewe kayadene reruntuhan ing jaman kuna, bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, supaya sira aja dienggoni ing wong maneh, lan aja jumedhul maneh ana ing tanahe wong urip.


Ing sarehne atinira kadunungan rasa memungsuhan turun-tumurun lan sira ngulungake wong Israel dadi memangsaning pedhang ing dinane kasangsaran ing waktu tumibaning pangadilane kang wekasan,


Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Sira celathu: Aku arep mangkat nempuh tanah kang kutha-kuthane tanpa tembok lan bakal arep nekani wong-wong kang uripe ayem lan manggon kalawan tentrem; papan panggonane tanpa tembok utawa palang lan tanpa gapura.


Awit saka iku, he, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan tutura marang Gog: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Nalika umatingSun Israel lagi manggon kalawan ayem tentrem, ing nalika iku anggonira bakal tumindak


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Edom telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngoyak-oyak sadulure kalawan pedhang, sarta ora ngatonake kawelasane, malah nepsune direndhem terus, lan panasing atine disimpen salawase,


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane bani Amon telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus mbedheli wetenge wong wadon kang meteng ing Gilead, karepe arep ngelar wewengkone dhewe.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Tirus telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun; awitdene wus ngulungake wong sabangsa kabeh marang Edom minangka tawanan, sarta ora eling marang prajanjian pasaduluran,


Saiki akeh bangsa kang padha manunggal nglawan marang sira, klawan pangucape: “Kareben dheweke dinajisake, mripat kita kareben bisa nyawang marang Sion nganti katog!”


Anadene kekarene Yakub bakal dumunung ing antarane bangsa akeh, kaya ebun saka Sang Yehuwah, kaya tetesing udan ing thethukulan, kang ora njagakake marang wong, lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa.


Mungsuhku bakal nyipati iku, satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang, kang duwe ujar marang aku: “Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?” Mripatku bakal nyawang anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.


Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.


Awitdene sira wus njarah-rayahi suku bangsa akeh, mulane kekarene bangsa-bangsa iku bakal padha genten njarah-rayahi sira, marga saka getihing manungsa kang wus wutah iku lan marga saka panganiaya marang ing nagara, kutha lan sakehe wong kang manggon ing kono.


“Ingsun wus midhanget pamoyoke Moab, lan pangala-alane bani Amon, anggone memada marang umatingSun, sarta ngumukake awake tumrap wewengkone umatingSun iku.


Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.


“Lah ta Ingsun bakal ngobat-abitake astaningSun marang para wong iku, lan banjur padha dadi bandhangane para wong kang ing maune dadi reh-rehane.” Nuli kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi iku kang ngutus aku.


sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal kebak bocah-bocah lanang lan wadon kang padha dolanan ana ing kono.


Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun.


nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.


Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;


Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”


Anggone manggih ana ing sawijining nagara ana ing pasamunan, ana ing satengahe papan kang mluwa lan panggeroning pasamunan, banjur diamping-ampingi, direksa prasasat maniking paningale.


Jalaran pancen wus sabenere mungguh ing Gusti Allah malesake panganiaya marang wong-wong kang padha nganiaya kowe


Anadene aku iki wus padha ndeleng lan nekseni yen Sang Rama wus ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagad.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan