Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 2:7 - Kitab Sutji

7 Ayo, ngungsia menyang ing Sion, he, wong kang padha manggon ing Babil!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 2:7
13 Iomraidhean Croise  

Priya mau bareng wus nuntun tekan ing jaban kutha, kang siji ngandika: “Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang ing pagunungan, supaya kowe kabeh aja nganti tumpes.”


Tumuruna lan lungguha ing lebu, he kenya, putri ing Babil! Lungguha ing lemah tanpa dhampar, he putri Kasdim! Amarga sira ora bakal kaaranan maneh manis lan kenes.


Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim! Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak! Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi! Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”


Ngedoha, ngedoha! Metua saka ing kono! Kowe aja nganti kagepok kang najis! Padha metua saka ing satengahe, padha sesucia, he para wong kang padha ngusungi prabote Padalemaning Yehuwah!


Ketabna lebuning sikilmu, tangia, he Yerusalem kang katawan! Uculana tali-tali kang ana ing gulumu, he putri Sion kang katawan!


Padha lumayu saka ing laladan Babil, saka ing nagarane wong Kasdim! Metua! Dadia kaya wedhus-wedhus lanang, kang manggedheni pepanthane!


He umatingSun, metua saka ing antarane! Saben wong nylametna nyawane saka ing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad!


Lumayua saka ing tengahe tanah Babil, saben wong goleka slameting nyawane, supaya sira aja padha katut katumpes marga saka kaluputane! Amarga iki dinaning piwalese Sang Yehuwah; Panjenengane ngganjar marang para wong Babil.


He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha, kaya wong wadon kang nglarani! Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kutha lan manggon ana ing ara-ara; sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira.


tumuli ngandika marang wong saumat kabeh: “Padha sumingkira saka ing tarube wong iki lan aja nganti nggepok apa-apane kang dadi duweke, supaya kowe aja nganti katut katumpes marga saka dosane!”


Wong-wong Israel kang ana ing saubenge kabeh padha lumayu ngadoh awit krungu panjerite, awit osiking atine: “Mengko bumi gek padha nguntal kita uga!”


Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyane akeh maneh panjenengane paring paseksen kang sanyata marang wong-wong kabeh iku sarta padha diparingi pitutur, pangandikane: “Sami kula aturi sumingkir saking jinis ingkang kablinger punika.”


Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika: “He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane, supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melu kena ing wewelake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan