Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 2:6 - Kitab Sutji

6 Ayo, ayo ta! Padha lumayua saka ing Tanah Lor, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – awit sira padha Sunbuyarake ing keblat papat, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 2:6
30 Iomraidhean Croise  

Priya mau bareng wus nuntun tekan ing jaban kutha, kang siji ngandika: “Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang ing pagunungan, supaya kowe kabeh aja nganti tumpes.”


Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak, saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula, bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun, inggih kala jaman kina.


Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim! Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak! Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi! Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”


He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea! Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar!


Sang Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Saka ing sisih lor bakal ana bilai kang ngamuk nempuh sakehing wong kang manggon ing nagara kene.


Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.”


Ing wektu iku tedhak turune Yehuda bakal marani turune Israel, lan bakal padha teka bebarengan saka ing nagara lor menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhurira minangka tanah pusakane.


He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh, kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israel karsa ngempalake maneh lan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse.


Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – kutha iku bakal kabangun maneh konjuk marang Sang Yehuwah, wiwit saka ing menara Hananeel tutug ing Gapura Pojok,


Lah, Ingsun bakal ngirid para wong iku saka ing tanah lor, lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ing poncoting bumi, panunggalane ana kang picak lan lumpuh, ana wonge wadon kang lagi ngandheg bareng karo kumpulane wong kang nglairake anak; baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe.


Padha lumayu saka ing laladan Babil, saka ing nagarane wong Kasdim! Metua! Dadia kaya wedhus-wedhus lanang, kang manggedheni pepanthane!


He umatingSun, metua saka ing antarane! Saben wong nylametna nyawane saka ing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad!


Kowe, wong kang padha oncat saka ing pedhang, padha lungaa, aja mandheg-mandheg! Elinga marang Sang Yehuwah ing tanah kang adoh lan Yerusalem timbula maneh ana ing atimu!


Lumayua saka ing tengahe tanah Babil, saben wong goleka slameting nyawane, supaya sira aja padha katut katumpes marga saka kaluputane! Amarga iki dinaning piwalese Sang Yehuwah; Panjenengane ngganjar marang para wong Babil.


Mulane sira pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sanadyan wong-wong iku wus Sunbekta adoh menyang ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunsebar-sebar ana ing kutha-kuthane, sarta Ingsun mung dadi pasucen kang sepele tumrap wong-wong iku ana ing nagara-nagara kono,


Anadene kabeh wadya-balane pepilihan bakal tiwas dening pedhang, dene kang bisa oncat bakal kasebar menyang ing sakehing keblat. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang mangandikakake iku.


Mulane bakal kelakon bapa padha mangan anake dhewe ana ing tengahira, lan uga anak padha mangan bapakne dhewe, sarta Ingsun bakal nandukake paukuman marang sira ana ing satengahira, sarta kabeh kekarenira bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat kabeh.


Panunggalanira sapratelon bakal mati dening pageblug lan mati kaliren ana ing tengahira; sapratelon bakal tiwas dening pedhang ana ing sakubengira; lan sapratelon bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat sarta bakal Ingsun bujeng kalawan pedhang ligan.


Nanging lagi bae madeg, karajane bakal pecah lan kaperang-perang manut keblat papat ing langit, nanging ora tumiba ing turune lan ora kadunungan pangwasa kaya dheweke; sabab karajane bakal ambruk lan banjur kadarbe dening wong liya, dudu wong-wong iki.


“Sabab lah, Ingsun bakal paring dhawuh, banjur turune Israel iku Sunoyog-oyog ana ing antarane para umat, patrape kaya wong kang lagi ngayaki, mangka krikil cilik siji bae ora ana kang tiba ing lemah.


mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun wangsul maneh marang Yerusalem kalawan sih-kadarman. PadalemaningSun bakal kabangun maneh ana ing kana, – mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta tali ukuran bakal kapenthang maneh ing sadhuwure Yerusalem.


Ayo, ngungsia menyang ing Sion, he, wong kang padha manggon ing Babil!


Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.


Ing wektu iku uga para malaekate bakal kadhawuhan metu nglumpukake para pepilihane saka ing keblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.


Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.


Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika: “He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane, supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melu kena ing wewelake.


Boas wus minggah menyang ing gapura, banjur lenggah ana ing kono. Kabeneran wong kang wajib nebus kang diucapake Boas pinuju liwat. Boas banjur ngaruh-aruhi: “Lah ki sanak, sumangga panjenengan lenggah ing ngriki!” Kang diaruh-aruhi tumuli mara lungguh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan