Aku nuli kabekta mrana. Tumuli lah ana sawijining priya kang katon kaya tembaga, astane nyepeng tali lena lan teken ukuran; priya iku jumeneng ana ing gapura.
Kang dadi duweking kutha iku sira temtokna: ambane limang ewu asta, dawane salawe ewu asta lan adu wates karo pisungsung mligi kang suci mau. Iku kanggo turune Israel kabeh.
mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun wangsul maneh marang Yerusalem kalawan sih-kadarman. PadalemaningSun bakal kabangun maneh ana ing kana, – mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta tali ukuran bakal kapenthang maneh ing sadhuwure Yerusalem.
nanging saiki Aku lunga menyang ing ngarsane Panjenengane kang wus ngutus Aku, lan panunggalanmu ora ana kang takon marang Aku: Paduka tindak dhateng pundi?
Aku tumuli kaparingan glagah, kaya teken ukuran, kanthi dhawuh mangkene: “Mara sira ngadega lan ukuren Padalemane Suci Gusti Allah lan misbyah dalah para kang sujud ana ing kono iku.