Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 2:12 - Kitab Sutji

12 Ing kono Yehuda bakal kapundhut dening Sang Yehuwah dadi kagungane ana ing tanah kang suci, sarta Yerusalem bakal kapilih uga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 2:12
19 Iomraidhean Croise  

Nanging wekasane Ingsun milih Yerusalem minangka papaning padalemane asmaningSun sarta milih Dawud supaya ngwasani umatingSun Israel.


Sang Haman tumuli cariyos marang Zeresy kang garwa lan marang para mitrane apa kang mentas kelakon. Para mitrane kang wasis wicaksana sarta kang garwa Zeresy, padha matur mangkene: “Manawi Mordekhai punika panunggilanipun bangsa Yahudi, mangka panjenengan sampun dhawah wonten ing ngajengipun, mesthi panjenengan boten kuwawi nglawan piyambakipun, malah badhe dhawah babar pisan wonten ing ngajengipun.”


pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe, lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”


Sabab kutha Sion kang wus dipilih dening Pangeran Yehuwah, dikarsakake dadi padalemane.


“Iki padalemaningSun ing salawase, ana ing kene anggoningSun bakal dedalem, awit iku karsaningSun.


Awit Pangeran Yehuwah wus milih Yakub dadi kagungane, Israel dadi kekasihe.


Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!


Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi, amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.


Amarga Pangeran Yehuwah bakal paring sih-kawelasan marang Yakub lan bakal milih Israel maneh lan bakal marengake padha dedunung ana ing tanahe, banjur wong bangsa liya bakal padha awor lan manunggal karo tedhake Rama Yakub.


Bareng ngarepake sore, lah ana pagiris! Sadurunge esuk, wus ora ana kabeh! Yaiku pandumane wong-wong kang padha ngrayah kita, sarta iya iku kang katemtokake tumrap para wong kang ngrampasi kita.


sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumi sarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke, Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun, sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”;


Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane, amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh, lan Israel iku uamt kagungane, asmane yaiku Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.


Nanging kabeh kang nguntal sira, bakal kauntal dhewe, lan sakehing satrunira bakal padha lumebu ing tawanan; wong kang ngrayah sira, bakal padha dadi rayahan, lan sakehing wong kang njarah sira bakal padha Sundadekake jarahan.


Ora mangkono mungguh Panjenengane kang dadi pandumane Yakub, amarga Panjenengane kang nitahake samubarang kabeh, lan Israel dadi taler kagungane, asmane sinebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.


Kajaba saka iku sira ngundhangna iki: Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi mangkene: Kutha-kuthaningSun bakal padha pulih luber ing kautaman, sarta Sang Yehuwah bakal maringi panglipur marang Sion lan Yerusalem bakal kapilih maneh.”


Sang Malaekating Yehuwah banjur ngandika marang Iblis mau: “He Iblis! Sira muga kadukanana dening Pangeran Yehuwah, iya kadukanana dening Sang Yehuwah kang milih Yerusalem. Wong iki rak tugelan kayu kang wus kajupuk saka ing geni?”


Anggone manggih ana ing sawijining nagara ana ing pasamunan, ana ing satengahe papan kang mluwa lan panggeroning pasamunan, banjur diamping-ampingi, direksa prasasat maniking paningale.


Awitdene kang dadi pandumane Pangeran Yehuwah iku umate, Eyang Yakub iku kang katetepake dadi kagungane piyambak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan