Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 2:11 - Kitab Sutji

11 Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 2:11
36 Iomraidhean Croise  

Asmanipun lestantuna ing salami-laminipun, salaminipun wonten surya asmanipun mugi saya kondhanga. Sakathahipun bangsa mugi sami berkah-binerkahana kanthi asmanipun, lan mastanana panjenenganipun rahayu.


Mung ana pranatan siji kanggo wong asli lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopia lan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur, bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira, iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante; bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge: Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten; kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!


Padha nyedhaka ing ngarsaningSun, iki rungokna: Wiwit biyen Ingsun ora tau ngandika kalawan sidheman lan sajrone bab iku kelakon, Ingsun ana ing kono.” Tuwin saiki Gusti Allah ngutus aku kalawan Rohe.


Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suci ana ing ngarepe mripate sakehing bangsa; poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayon kang pinangkane saka ing Allah kita.


Ngedoha, ngedoha! Metua saka ing kono! Kowe aja nganti kagepok kang najis! Padha metua saka ing satengahe, padha sesucia, he para wong kang padha ngusungi prabote Padalemaning Yehuwah!


Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krungu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


Padha lumayu saka ing laladan Babil, saka ing nagarane wong Kasdim! Metua! Dadia kaya wedhus-wedhus lanang, kang manggedheni pepanthane!


Samangsa bab iku wus nekani – lan iku nyata-nyata bakal nekani! – wong-wong mau bakal padha sumurup, manawa ana nabi ing satengahe.”


lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap: “Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah, marang padalemane Gusti Allahe Yakub, supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine, sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge, marga saka Sion bakal ana pituduh, lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”


mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun wangsul maneh marang Yerusalem kalawan sih-kadarman. PadalemaningSun bakal kabangun maneh ana ing kana, – mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta tali ukuran bakal kapenthang maneh ing sadhuwure Yerusalem.


Sarta Ingsun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”


Ing dina iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sira padha gentenan ngajak lelungguhan ana ing ayome wit anggur lan sangisore wit anjir.”


Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal rawuh ing Sion maneh lan akedhaton ing tengahe Yerusalem, sarta Yerusalem bakal kasebut: Kutha Setya, dene gununge Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal kasebut: Gunung Suci.


sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.”


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”


supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitadosa, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.


Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;


Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan