Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 2:1 - Kitab Sutji

1 Aku banjur tumenga lan weruh, lah ana priya kang nyekel tali ukuran,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 2:1
12 Iomraidhean Croise  

Lah Ingsun kang nitahake pandhe kang ngububi geni tuwin ngrampungkae gegaman manut kabisane, nanging uga Ingsun kang nitahake juru panumpes kang Sunagem numpes.


sarta pangukure katerusake tekan ing tengger Gareb, banjur menggok marang Goa,


Sungu kekuwataning Moab wus putung, sarta bau panguwasane wus pepes! Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Aku nuli kabekta mrana. Tumuli lah ana sawijining priya kang katon kaya tembaga, astane nyepeng tali lena lan teken ukuran; priya iku jumeneng ana ing gapura.


Lah ing sajabane padaleman ana temboke mubeng ngupengi padaleman iku. Astane priya mau nyepeng teken ukuran, kang dawane nem asta – asta ing kene padha karo asta lumrah punjul satebah –. Priya mau nuli ngukur temboke, kandele sateken lan dhuwure sateken.


Priya mau tumuli tindak mangetan kalawan ngasta tali ukuran; panjenengane ngukur sewu asta lan banjur dhawuh marang aku supaya nyemplung ing banyu kono, jerone banyu sapolok.


Panjenengane ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sadhengkul; panjenengane tumuli ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sabangkekan.


Sawuse iku ing sajroning wahyu ing bengi iku aku tumon kewan kang kapat, kang medeni lan nggegirisi sarta rosa banget. Untune wesi gedhe-gedhe; kewan iku memangsa lan ngreremuk, sisane kaidak-idak kalawan sikile; kewan iku beda karo kewan-kewan kang dhisik mau, apadene kadunungan sungu sapuluh.


mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun wangsul maneh marang Yerusalem kalawan sih-kadarman. PadalemaningSun bakal kabangun maneh ana ing kana, – mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta tali ukuran bakal kapenthang maneh ing sadhuwure Yerusalem.


Aku tumuli tumenga lan ndeleng, lah ana sungu papat,


Aku tumuli kaparingan glagah, kaya teken ukuran, kanthi dhawuh mangkene: “Mara sira ngadega lan ukuren Padalemane Suci Gusti Allah lan misbyah dalah para kang sujud ana ing kono iku.


Anadene kang mangandikani aku iku ngasta lantaran ukuran mas, kagem ngukur kutha iku, dalah gapurane lan baluwartine.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan