Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 14:3 - Kitab Sutji

3 Pangeran Yehuwah banjur bakal majeng perang nglawan bangsa-bangsa iku, kaya ing nalika dinaning campuh perang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 14:3
22 Iomraidhean Croise  

lan nguwuh-uwuh: “Sami mirengna, dhuh para sadherek ing Yehuda sadaya tuwin para ingkang manggen ing Yerusalem saha Gusti kawula Sang Prabu Yosafat; makaten pangandikaning Yehuwah dhumateng panjenengan sadaya: Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.


Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”


Sakehing wadya-balane para bangsa kang perang nglawan Ariel, lan sakehe wong kang merangi kutha iku dalah baluwartine tuwin para wong kang ngrupeki bakal kaya impen lan kaya wahyu ing wanci bengi;


ing kono Ingsun bakal nglempakake sakehe bangsa, Sunirid mudhun menyang ing lembah Yosafat, tumuli Ingsun bakal prakaran kalawan para bangsa iku ana ing kana bab umatingSun lan kagunganingSun piyambak, Israel, dene wus padha dipencarake ana ing satengahe para bangsa lan tanah kagunganingSun diedum-edum.


Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi.


Apadene ing dina iku Ingsun ngangkah numpes sakehe bangsa kang nempuh perang marang Yerusalem.”


Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.


Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.


Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan