Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ZAKHARIA 13:9 - Kitab Sutji

9 Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ZAKHARIA 13:9
54 Iomraidhean Croise  

Paduka sampun ngangkat umat Israel dados umat Paduka kangge ing salaminipun saha Paduka dados Allahipun, dhuh Yehuwah.


Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku; manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.


“Pancen ana papan pamelikan salaka lan papan panglimbangan emas.


Rahayu bangsa kang tinemu kaya mangkono! Rahayu bangsa kang Gusti Allahe Pangeran Yehuwah!


Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka, sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula, saha memuji binarung swaraning clempung, dhuh Allah, Allah kawula!


Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)


Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake,


Kowi iku kanggo ngejer salaka lan prapen kanggo ngejer emas, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.


Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagungane kang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.


Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira.


Lah sira wus Sundadekake murni, nanging ora kaya salaka, nanging sira wus Sunuji ana ing pawoning kasangsaran.


Ing kono manawa sira munjuk, Pangeran Yehuwah bakal paring wangsulan samangsa sira sesambat nyuwun tulung, Panjenengane bakal ngandika: Lah iki Ingsun ana ing kene! Manawa sira ora ngetrapake pasangan maneh marang pepadhanira sarta ora nuding-nuding marang wong kalawan driji lan mitenah,


“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kayadene woh anjir kang becik iku iya kaya mangkono anggoningSun bakal nggalih marang wong Yehuda kang Sunbekta saka ing panggonan iki menyang ing tanah pambuwangan, tanahe para wong Kasdim murih becike.


Dene sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira.”


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Para wong iku padha dadi umatingSun lan Ingsun jumeneng dadi Gusti Allahe.


Panganiaya matumpa-tumpa, para cidra tumpuk-undhung! Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.


supaya lakune manut ing sakehing pranatan-pranataningSun lan tatananingSun kalawan setya; ing kono banjur padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe.


supaya turune Israel aja padha kesasar maneh ora manut marang Ingsun lan aja najisake awake maneh kalawan sakehing panerake. Kalawan mangkono banjur padha dadi umatingSun sarta Ingsun dadi Allahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Wong kang padha mbalela lan gawe duraka marang Ingsun bakal Sunpisah saka ing tengahira; iku bakal padha Sunedalake saka ing nagara panggonane neneka, nanging bakal padha ora lumebu ing tanah Israel. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.


Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.


Papan padalemaningSun uga bakal ana ing kono. Ingsun bakal dadi Allahe sarta dheweke kabeh bakal dadi umatingSun.


Para wong wicaksana bakal ana sawatara kang ambruk, minangka pandadaran, panyaringan lan kanggo ngresikake wong-wong mau, nganti tumeka ing wekasaning jaman; amarga wekasaning jaman iku durung tumeka ing titi-mangsa kang wus katetepake.


Akeh wong kang bakal kasucekake lan diresiki sarta diuji, nanging para wong duraka bakal tumindak duraka; wong duraka iku ora ana siji-sijia kang bakal mengreti, nanging para wong wicaksana bakal mangreti.


Lan sing sapa nyebut asmane Pangeran Yehuwah, iku bakal kapitulungan rahayu, marga ing gunung Sion lan ing Yerusalem bakal ana pangentasan, kaya kang wus di pangandikakake dening Pangeran Yehuwah; sarta saben wong kang katimbalan dening Sang Yehuwah iku bakal dadi panunggalane kang kaentas.”


Nanging Ingsun bakal ana ing tengahira lan bakal dadi Allahira lan sira padha dadi umatingSun.


Turune Yehuda bakal Sunsantosakake, lan turune Yusuf Sunluwari; bakal padha Sunulihake, marga padha Sunwelasi; kaanane kaya-kaya ora tau Sunsebratake, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahe, sarta bakal Sunsembadani sapanyuwune.


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.”


Anadene saben wong kang nyebut asmaning Pangeran iku bakal kapitulungan rahayu.


“Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran. “Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine, sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.


Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


He para kekasih, aja padha gumun marang panasing geni siksan kang nekani kowe minangka pandadaran, kaya-kaya ana bab kang ora lumrah kang namani kowe.


Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.


Malaekat kang katelu tumuli ngungelake kalasangkane, banjur ana lintang gedhe tiba saka ing langit, murub kaya obor, sarta nibani sapratelone kali-kali lan etuk-etuking banyu.


Anadene lintang mau jenenge Apsintus. Satemah sapratelone sakehing banyu dadi apsintus, njalari akeh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.


Malaekat kang kapat banjur ngungelake kalasangkane, nuli sapratelone srengenge lan sapratelone rembulan tuwin sapratelone lintang-lintang katempuh, temah sapratelone iku padha dadi peteng, lan sapratelone rina ora padhang, sarta wengine iya mangkono uga.


Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni, campur getih; lan kabeh mau katibakake ing bumi; temah sapratelone bumi lan sapratelone wit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padha geseng.


Malaekat kang kapindho tumuli ngungelake kalasangkane tumuli ana rerupan saemper gunung gedhe kang murub, kacegurake ing sagara. Temah sapratelone sagara iku dadi getih,


lan titah ing sagara kang duwe nyawa sapratelone padha mati tuwin sapratelone prau-prau padha sumyur.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan